Kepercayaan Yang Di Percaya

Posted: Februari 18, 2011 in Wejangan Leluhur

Mangga para kadang sutrisna budaya Jawa, tinimbang nglamun ora ana paedhahe banjur mikir sing ora-ora, sing kepenak ura-ura sinambi mangan telo, dasare omahe ndesa lan uga iso kanggo cegah melek. Mangga sareng-sareng kalih kula……….. lha sumangga.
Kinanthi

Priye carane kalamun,
urip aneng jaman iki,
tumrap ingkang para mudha,
uga munggwing para mudhi,
dimen sira kasembadan,
katekan sabarang kalir.
Kaleksanan kang ginayuh,
kudu nganggo pait getir,
sadaya sampun sumadya,
kabutuhan jroning urip,
amung kari ngolah cara,
kanthi carane pribadi.
Margi rumpil kangge langkung,
mbrangkang menek mlipir-mlipir,
banjur apa sangunira,
ing marga panas kepati,
rubeda sewu cacahnya,
tekane sawanci-wanci.

Ora cukup sangu kawruh,
apa maneh amung dhuwit,
tan cukup pawitan bandha,
bandha bisa nyencang pikir,
kejaba mung budinira,
kudu luwes srawung janmi.

Ana alam aja gumun,
ana ala ana becik,
pasrawungan engganana,
andhap asor ing pambudi,
perang catur singkirana,
cidra janji aja nganti.

Aja susah aja getun,
lamun sira datan eling,
ring sesaminipun gesang,
awit titah iku sami,
karo awaknya priyangga,
padha-padha butuh urip.
Yen ngulati jaman maju,
pikiran ja nganti kentir,
awit maju ora gampang,
kudu duwe aji-aji,
piyandel kang kapercaya,
kanggo sangu aneng margi.
Kapethik saka buku Warisan, Geguritan Macapat,
karyane Suwardi, weton Balai Pustaka, 1983.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s